Wis Sewulan Punjul Wong Palembang Angel Ambegkan
Palembang, hasap, kebakaran, CEO josjis.news
Palembang – Lur, CEO Josjis saiki lagi liputan neng Palembang, Sumatera Selatan. Ono cerita sing kudu tak spill nang kowe kabeh. Iki dudu cerita sing nyenengke, tapi penting banget kanggo awake dewe ngerti.
Ngene lho, Lur. Nek neng Jakarta utowo neng Jawa, esuk-esuk kuwi biasane wong-wong podo jogging, olahraga, mlayu-mlayu, golek hawa seger.
Lha nek neng Palembang iki, ceritane bedo, Bro!
Bayangno wae, esuk, awan, nganti sore, hawane kebak kabut asap. Jarene warga kene, iki gegayutan karo kebakaran alas lan lahan sing terus dadi masalah.
Langit palembang esuk-esukLha piye arep olahraga, wong arep ambegan wae rasane wis ora penak!
Nah, aku mau oleh cerita soko Kang Asmuni, salah siji warga sing manggon neng Palembang.
Jarene Kang Asmuni, kedadean koyo ngene iki wis bola-bali. Dudu sepisan, dudu ping pindho. Tapi nganti saiki, miturut dheweke, durung ono penanganan sing tenan jelas soko pemerintah.
Sing nggawe dheweke tambah prihatin, ono dugaan nek kebakaran alas iki ora mung mergo ulah wong cilik utowo petani biasa.
Nanging justru diduga ono keterlibatan perusahaan-perusahaan gede.
Eits, tapi iki perlu digarisbawahi yo, Lur! Iki isih dugaan, dudu kesimpulan sing wis terbukti.
Kang Asmuni dhewe wis ngrasakke langsung piye rekosone urip neng tengah kabut asap.
Bendino kudu ngadhepi hawa sing sumpek. Dalan-dalan ketutup kabut asap, pandelengan dadi keganggu, lan sing paling ora penak, ambegan wae rasane sesek.
Bayangno, Lur! Omah sing kudune dadi panggonan nyaman, lingkungane malah kebak asap.
Kang Asmuni berharap pemerintah iso tenanan turun tangan. Ora mung pas ono kebakaran terus rame sedelo, nanging kudu ono penanganan serius ben kedadean koyo ngene ora terus bola-bali.
Nah, kanggo kowe kabeh sing saiki manggon neng Jawa, Jakarta, utowo daerah liyane sing ora lagi ngrasakke kabut asap, ojo mung meneng wae, Lur.
Paling ora, ayo podo melu nyuarakke masalah iki. Dorong pemerintah ben luwih serius nangani kebakaran alas lan lahan.
Mergo sing ngrasakke akibate kuwi masyarakat sing urip neng kene.
Eling yo, Lur! Kanggo sebagian wong, hawa seger kuwi perkara biasa. Tapi kanggo warga sing saben dino kudu ngadhepi kabut asap, iso ambegan kanthi lega kuwi dadi sesuatu sing larang regane.
Aku laporan langsung soko Palembang.
Mugo-mugo masalah iki enggal oleh penanganan sing serius, ben warga kene iso urip luwih nyaman lan ora terus-terusan keganggu kabut asap.
Video_asap_Palembang.mp4