Hari Santri 2026, UIN Sunan Kalijaga Kompak Sarungan!
Suasana hari santri ning UIN Sunan Kali Jaga
Yogyakarta – Lur, ono suasana sing bedo neng kampus UIN Sunan Kalijaga Yogyakarta dino iki, Kamis, 22 Oktober 2026.
Biasane nek neng kampus kuwi, dosen karo pegawaine podo nganggo klambi kerja sing rapi lan formal. Lha, saiki kok malah podo sarungan?
Eits, ojo salah paham disik, lhur! Iki dudu mergo arep pengajian utowo kondangan neng pondok pesantren, lho yo!
Jebule, kampus UIN Sunan Kalijaga lagi memperingati Hari Santri Nasional 2026.
Nah, kanggo memperingati Hari Santri iki, UIN Sunan Kalijaga nggelar upacara bendera neng halaman Gedung Prof. KH. Saifuddin Zuhri.
Upacarane mulai jam setengah wolu esuk, utowo pukul 07.30 WIB di pimpin karo rektore Prof. Noorhaidi Hasan lhur.
Sing melu yo ora mung siji loro, Lur. Ono pimpinan universitas, dosen, tenaga kependidikan, nganti jajaran pegawai neng lingkungan UIN Sunan Kalijaga.
Wakil Dekan 3 Fishum karo Ketua Admisi UIN mlaku gandengan bareng arep upacara
Terpantau Wakil Dekan 3 Fishum karo Ketua Admisi UIN mlaku gandengan bareng arep upacara. Nah, sing menarik, dress code-e iki lho!
Kanggo peserta lanang, diwajibke nganggo klambi putih, sarung, karo peci nasional. Dene peserta wedok nganggo klambi putih, bawahan ireng, karo jilbab ireng.
Wah, nek wis ngene iki, vibes pesantrene langsung keroso banget, Lur!
Kampus sing biasane identik karo ruang kuliah, diskusi akademik, lan penelitian, saiki suasanane dadi koyo neng lingkungan pondok pesantren.
Tapi, ojo mung ndelok sarung karo pecine tok yo, Bro Sist!
Mergo Hari Santri iki nduwe makna sing luwih jero.
Iki dadi momentum kanggo ngeling-eling perjuangane poro santri lan pesantren sing nduwe kontribusi gedhe kanggo bangsa Indonesia.
Santri kuwi ora mung urusane ngaji kitab, sinau ilmu agama, utowo dakwah tok.
Neng sejarah Indonesia, para santri lan pesantren yo melu berjuang mempertahankan kemerdekaan, njogo persatuan, lan mbangun kehidupan bangsa.
Nah, kanggo kampus Islam koyo UIN Sunan Kalijaga, semangat kesantrian iki rak yo nyambung banget karo kehidupan akademik.
Mergo neng pesantren, awake dewe diajari disiplin, urip sederhana, ngajeni ilmu, ngajeni guru, lan nduwe kepedulian marang masyarakat.
Nilai-nilai kuwi sing penting terus dijogo lan dikembangke neng lingkungan kampus.
Opomaneh saiki zamane wis serba digital, Lur!
Perkembangan ilmu pengetahuan karo teknologi mlakune cepet banget. Generasi mudho Muslim, termasuk mahasiswa, kudu iso ngikuti perkembangan zaman tanpa ninggalke nilai-nilai apik sing diwariske pesantren.
Dadi, tradisi keilmuan pesantren tetep iso berkembang lan nyambung karo ilmu pengetahuan modern, teknologi, lan persoalan sosial sing diadhepi masyarakat.
Nah, liwat peringatan Hari Santri Nasional 2026 iki, UIN Sunan Kalijaga Yogyakarta pengin terus njogo nilai-nilai pesantren, sekaligus nguatke kontribusi pendidikan Islam kanggo masyarakat lan bangsa.
Dadi ngene, Lur! Sarungan neng kampus kuwi ora mung soal penampilan. Nanging yo dadi simbol nek tradisi pesantren lan dunia akademik iso mlaku bareng, saling nguatke.
Selamat Hari Santri Nasional 2026!
Redaksi Josjis